Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN I

I. A.Pacelathon

Tindakna !

Munggah Klas Loro


Purwadi : "Kados pundi, Pak, rapot kula ?"
Bapak : "Lha kae, diasta ibumu."
Ibu : "Gilo, Pur, rapotmu. Renea !"
Purwadi : "Pundi, Bu ? Pundi, Bu ? Pundi, pundi ?
Ibu : "E, thik ngoyok bae hara ta. Ibu nganti arep gledhak. Ya rosa kowe no karo Ibu. Rak ya sing sareh."
Bapak : "Selak apa ta, Pur, ngesuk Ibu kok kaya karo kancane. Karo pak guru ya ngono kuwi kowe?"
Purwadi : "Kesupen, Bu, tiyang kesesa selak sumerep ngantos nilar subasita. Nyuwun ngapunten, Bu. Rak pareng ta, Bu ?"
Ibu : "Nek parenge ki ya pareng, ning mengko yen kepatuh rak ora prayoga. Dieling-eling lho ya, cah bagus, mengko karo sapa-sapa ngono."
Bapak : "Aja nganti ya,le, karo sapa-sapa aja ngono. Wong tuwa barang mengko mundhak kecangking-cangking."
Purwadi : "Saestu, Bu, saestu boten nate. Tiyang wonten nggriya punika kemawon sampuna kesupen, boten badhe kula wantun srogal-srogol mekaten."
Ibu : "Ya kuwi, Le, sing dakidham-idhamake, kowe dadia wong sing utama, pinter, prigel, mursid. Enya, iki rapote. Bapak Ibu marem priksa wohing pasinaonmu."
Purwadi : "Sampun kepareng saestu, Bu, mangke Ibu gek dereng marem."
Ibu : "Hara ta kok ndadak umpakan, ethok-ethok

Mbs-2- 9