Nalika samanten para kadang Kaurawa sami katingal kalangkoeng soeka ing manah, tansah gijak-gijak angatingalaken solah tingkahipoen ingkang kalangkoeng angedir-ediraken, saja sanget soeka déné para Pandawa sami katingal dahat soengkawa kekes tanpa karekat. Praboe Droejoedana ingkang kawistara tansah harda panggalihipoen poenika ladjeng angandika sora dateng parekan Pratikamin waoe, dawoehipoen: „Héh Pratikamin; pagéné dijenengsira ingsoen oetoes teka ora bandjoer bisa rampoeng, moeng tansah bola-bali baé tanpa teges. Pajo diénggal sira toetoera marang Droepadi, ingsoen timbali saiki oega koedoe marak ing ngarsaningsoen. Manawa sira kongsi bali manéh tanpa gawé, adja takon dosa !”
Poen parekan Pratikamin kalangkoeng koemepjoer manahipoen tampi dawoeh timbalanipoen goesti makaten waoe, ananging meksa taksih roemaos kamiwelasen dateng sang retna déwi Kresna, ing dalem manah ngakeni dateng asoring beboedénipoen praboe Droe- joedana saha boten mentala dateng kasangsaranipoen para Pandawa, satemah rekaos sanget manahipoen poen Pratikamin, poenapa anglampahi dawoeh timbalanipoen praboe Droejoedana poenapa mopo, wasana poepoentoning manah ladjeng nijat angéstokaken sadremi kaoetoes. Pratikamin menembah ladjeng matoer wonten ing ngarsanipoen sang nata Astinapoera waoe, oendjoekipoen: „Doeh goesti ratoe-ratoening djagad; moegi padoeka sincewoen kaparenga andawoehaken kadospoendi badé atoer koela dateng sang retna déwi Kresna poenika, soepados boten ngaping kalih damel.”
Midanget oendjoekipoen parekan makaten poenika praboe Droejoedana kagét satemah malah saja doeka, pangandikanipoen sora sarwi anggedroegaken sampéjanipoen jajah angoregaken saindenging saba papan pasamoean: „Héh Pratikamin tedaking soedra; ora patoet banget sira ikoe soewita ing ratoe kang abanda bandoe kaja pandjenenganingsoen.”
Sang nata ladjeng toemolih dateng ingkang raji sang Arya Doessasana sarwi paring dawoeh, pangandikanipoen; „Héh jaji Doessasana; réhning tetéla si Pratikamin ikoe ora bisa ngéstokaké dawoehingsoen karana wedi marang si Wrekodara, moela dijenengsira baé prajoga énggal loemakoewa déwé marang pondokané si Droepadi. Adja nganggo weda- wedi, si Droepadi manawa ora gelem toemoeli sowan marang ngarsaningsoen bandjoer bopongen baé gawanen marang madyaning papan pasamoewan kéné, dimén takon déwé marang pandjenenganingsoen sajekti bakal tampa wangsoelan lan katrangan kang samestiné. Awit manawa moeng sarana oetoesan si pengoeng Pratikamin kang tan wroeh ing bener sarta goblog dasaring wong soedra papa ikoe sajekti bakal ora ana woesavané.”
125