waoe oegi telas kakekap déning mengsah. Ing ngrikoe raka padoeka sang Adjatasatroe semoenipoen boten kendak panggalihipoen ananging malah saja kabaranang, saha ladjeng angetohaken sariranipoen toewin para kadang ingkang sakawan pisan, soeprandéné meksa tanpa kiwoel, satemah raka padoeka sang nata Indraprasta dalah sadaja para kadang Pandawa kinekap ing rak padoeka praboe Droejoedana. Ing sasampoenipoen makaten raka padoeka waoe ladjeng angetohaken garwanipoen nenggih padoeka goesti koela sang déwi. Doeh goesti; raka padoeka kawon malib, wasana ing samangké padoeka goesti sampoen tetep mandijing dados wewenangipoen sang nataing Astinapoera. Makaten goesti, menggah moela boekanipoen, wasana moegi andadosna ing kaoeningan padoeka goesti”.
Telas oendjoekipoen parekan poen Pratikamin, sanalika déwi Jatnaséni katingal marbabak pasoerjanipoen saking kalangkoeng soengkawa mawor doeka, wasana pangandikanipoen: ,,Héh Pratikamin; diénggal sira balija sarta takona marang botoh dadoe kang kalah ikoe, disik endi anggoné ngetohaké sariraningsoen karo anggoné ngetohaké sarirané déwé. Sawoesé sira oléh katrangan kang jekti bandjoer sira toemoeli balija manéh marang ngarsaningsoen kéné, kaprijé pangandikané, soepaja bisa genah anggoningsoen toemindak lan angetrapaké sariraningsoen”.
Parekan Pratikamin manembah ladjeng !éngsér saking ngarsanipoen déwi Kresna teroes oemarek dateng saba papan pasamoewan, sowan ing ngarsanipoen praboe Joedistira, angatoeraken saha njoewoen katrangan kadosdéné ingkang dipoen pangandikakaken déning déwi Kresna waoe, oendjoekipoen; ,,.Doeh sinoewoen; koela kaoetoes ing garwa padoeka déwi Jatnaséni, makaten dawoehipoen: Pratikamin, sira takona marang botoh dadoe kang kalah nganti enték-entékan ikoe, nalika angetohaké sariraningsoen apa ija isih darbé wewenang ing atasé marang sariraningsoen? Disik endi anggoné ngetohaké sariraningsoen ing dadoe ikoe karo sarirané déwé ? Makaten piwelingipoen praméswari padoeka. Moegi padoeka sinoewoen kaparenga paring pangandika ing sajektinipoen.”
Praboe Joedistira midanget oendjoekipoen parekan makaten poenika kalangkoeng soemedot raosing panggalihipoen, kétang sih sroe tresnanipoen mawor welas dateng ingkang garwa, ngantos sang nata boten saged paring pangandika poenapa-poenapa, satemah namoeng kéndel kémawon,
Kawoewoesa praboe Droejoedana ingkang tansah naliti sadaja kawontenan ing saba, midanget oendjoekipoen abdi Pratikimin dateng praboe Joedistira makaten poenika ladjeng angandika kalajan sora wijosing dawoeh: ,,Héh sira Pratikamin, mara toemoeli
123