Menyang kontèn

Kaca:Mahabharata Kawedar (No. 5, Mei 1939).pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Pratikamin ladjeng manembah, oendjoekipoen; „Doeh goesti sang rentnaning poera sesembahan ing Indraprasta; sowan koela wonten ing ngarsa padoeda preloe badé angoendjoeki oeninga ing padoeka. Moegi sampoen andadosaken kagèting panggalih padoeka sang déwi, raka padoeka praboe Joedistira kaseser anggenipoen kasoekan dadoe mengsah raka padoeka sang praboe Droejoedana, ngantos sadaja radja brana dalah kadaton toewin nagari Indraprasta sampoen kénging kinekap ing raka padoeka sang nata Astina, malah sariranipoen pijambak dalah para kadang Pandawa sadaja kalebet sarira padoeka sang déwi oegi sampoen kakawonaken wonten ing toh kasoekan dadoe waoe saha saladjengipoen dados wewenang oetawi bojonganipoen sang praboe Droejoedana. Awit saking poenika, rèhning padoeka samangké sampoen tetep mandjing dados wewenangipoen raka padoeka praboe Droejoedana, pramila padoeka katimbalan ngadep sapoenika oegi dateng papanpambodjanan, sarenga ing salampah koela. Doeh sang déwi Jatnaséni goesti koela; namoeng poenika oendjoek koela, wasana anjoemanggakaken.”

Déwi Kresna midanget atoeripoen abdi parekan makaten poenika saking kalangkoeng kagèting panggalih jajah petjat atmanipoen, sapandoerat boten saged angandika saking kalangkoeng koewoering panggalih mawor soengkawa tan sipi. Sasampoenipoen radi lerem sawatawis, déwi Droepadi ladjeng mangsoeli, dawoehipoen: „Hèh Pratikamin; apa baja temen oedjarira kang kaja mangkono ikoe? Awit saka pandoeganingsoen, jèn poetraning narèndra apa ija kongsi kalakon kasoekan angetohaké garwané. Apa ija narèndra kalah kasoekan teka nganti kabaranang panggalihé sarta kasdoe angetohaké garwané? Pandjenenganingsoen teka ora bisa andoega babarpisan marang kaanan kang kaja atoerira ikoe.”

Déwi Kresna (déwi Droepadi)

Déwi Kresna (déwi Droepadi)
Oendjoekipoen poen Pratikamin sarwi wotsari: „Doeh goesti sang retnaning poera moestikaning Indraprasta; moegi kaoeningana, raka padoeka sang Adjatasatroe sareng kawon anggènipoen dadoe semoenipoen boten saged angendak kabarananging panggalih, satemah sadaja radjabrana kagoenganipoen dipoen tohaken. Doeh goesti; sasampoenipoen radjabrana telas sadaja, raka padoeka ladjeng angetohaken nagari Indraprasta, kawon malih ladjeng angetohaken kadaton, meksa kawon ladjeng angetohaken sadaja nagari - nagari djadjahan, kawon malih ladjeng angetohaken para wadyanipoen toewin para kekasihipoen dalah para poenakawan tjèti parekan bedaja srimpi boten wonten ingkang kantoen. Sadaja

122