Menyang kontèn

Kaca:Mahabharata Kawedar (No. 5, Mei 1939).pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dewi Droepadi katimbalan déning Praboe Droejoedana dateng madyaning saba papan pasamoewan.

Nahenta kawoewoesa sang nata ing Astinapoera Praboe Droejoedana sasampoenipoen saged angekap sadaja radjabrana, arta, barang - barang kantjana, mas inten, goeroe bakal goeroe dadi, sosotya dalah kadaton toewin nagari Indraprasta kelebet sadaja nagari - nagari djadjahanipoen, poenapadéné sariranipoen para kadang Pandawa toewin sanès - sanèsipoen kawontenan malih, ing ngrikoe boten kadosa soekaning panggalihipoen, roemaos samangké ing seloemahing bantala sakoerebing akasa temtoe sampoen boten wonten soedjanma ingkang njamèni pandjenenganipoen menggahing kaloehoeran kawibawan toewin kasoegihan. Pramila praboe Droejoedana sanget boten rena nalika midanget pangandikanipoen ingkang paman sang Jamawidoera ingkang ateges badé angendak karsanipoen, wasana katetangi roentiking panggalihipoen dateng ingkang paman waoe sarta ladjeng angandika kalajan wengis widjiling sabda: „Hèh paman Ksatri; teka djengandika boten wirang angoetjap ingkang kados makaten. Saèstoenipoen saramboet pinara sapta boten wonten paédahipoen djengandika koemedah - kedah soeka piwoelang dateng koela, karana koela temtoe boten badé nganggep dateng oetjap djengandika ingkang ngandar - ngandar poenika. Lekas koela sadaja poenika sampoen anetepi kacetaman lan ing djagad boten badé wonten tijang satoenggal kémawon ingkang wenang angalang-alangi lekas koela, sampoen malih ingkang namoeng djengandika, nadyan Déwa Soeralaja pisan temtoe boten badé saged ambadal ingkang dados kadjeng koela. Mila langkoeng prajogi djengandika teka kèndel lan boten soesah mawi toemoet angrembag prakawis poenika.”

Sasampoenipoen ngandika makaten sang praboe Droejoedana ladjeng toemolih dateng salah satoenggaling parekan nama poen Pratikamin, sarwi angandika, dawoehipoen: „Hèh Pratikamin; mara si Droepadi ènggal timbalana marang ngarsaningsoen ing samengko oega, soepaja ngadep ing ngarsaningsoen. Sira ora soesah weda-wedi marang Pandawa kang saiki woes ora darbé wewenang apa - apa. Anadéné paman Widoera kang salawasé oerip moeng tansah wedi asih marang Pandawa sarta sadjegé ora taoe kawetoe oetjapé kang betjik toemrap pandjenenganingsoen ikoe ija tjikbèn diteroes - teroesaké anggoné toemindak ora bener, ing tembé sajekti bakal ana bagéjané déwé.”

Pratikamin kalangkoeng adjrih njoemerepi goestinipoen nawoeng bendoe poenika saha ladjeng soemembah toemoenten mesat soemedya angèstokaken dawoeh, ènggal - ènggal loemampah dateng padalemanipoen sang retna déwi Droepadi. Sasampoenipoen dateng wonten ing ngarsanipoen déwi Kresna waoe, abdi parekan

„MAHABHARATA - KAWEDAR” R. M. Soetarta Hardjawahana.

121