toemrapé para satrya, moerih bisaä samekta ing samoebaran gawé. Kosokbaliné rasa soemelang ikoe bisa dadi djalaraning kadrawasan, sabab tansah kalimpoetan ing rasa sedih karana wedi satemah tansah wéja ing sabarang rèh.”
Praboe Droejoedana angladjengaken malih oendjoekipoen: „Doeh Kangdjeng rama; dedongèngan makaten waoe sajekti lebet sanget soeraosipoen. Saking roemaos koela, sadaja lekas koela poenika sampoen boten gèsèh oetawi boten nalisir saking kaparengipoen sang maharesi Wrehaspati ingkang kawoersita ing dalem tjarijos waoe. Pangandikanipoen sang maharesi Wrehaspati doemoeginipoen samangké tetep pinoendi poendi déning sagoeng para satrya kinawasa ingkang sami kadjibah amengkoe pradja.
Doeh Kangdjeng rama; koela soemerep bilih para kadang Pandawa makaten, sanadyan loegoenipoen leres taksih toenggil darah kalijan koela, ananging tetèla pijambakipoen nijat badé noempes para Kaurawa. Awit saking poenika pramila boten naté kendatanggèn koela ngoepados rékadaja toewin sarana, moerih ringkihipoen para Pandawa, soekoer sageda toemoenten sirna babarpisan, soepados boten damel ribedipoen para Kaurawa, satemah para Kaurawa badé saja santosa adegipoen, rahardja moekti wibawa ing salami - laminipoen tanpa sangsaja.
Doeh Kangdjeng rama; moegi kaoeningana, banda ingkang sampoen koela klempakaken kala waoe, saoepami koela waradinaken dateng sagoeng para radja toewin para ratoe ing mantjapradja, temtoe badé saja anambahi santosaning adegipoen pradja Astinapoera, satemah boten badé saged gampil kénging rinabasa ing mengsah nadyan silih sintena kémawon. Awit manawi Kaurawa sampoen raket sarta anggadahi saraja para narèndra ing saloemahing boemi, sampoen temtoe nijatipoen para Pandawa anggenipoen soemedya noempes Kaurawa poenika boten badé seged kasembadan.
Ananging doeh Kangdjeng rama; èman sanget déné Padoeka Kangdjeng rama pijambak ing sadaja rèh namoeng tansah njoelajani dateng lekas koela sakadang saha tansah andjoegaraken sadaja rékadaja toewin boedidaja koela ingkang sampoen koela tindakaken kanti rekaos poenika. Manawi makaten poenapa padoeka Kangdjeng rama langkoeng soeka rena bilih nagari Astina poenika sirna déning pangrabasanipoen mengsah?
Doeh Kangdjeng rama; semoenipoen padoeka poenika ing dalem panggalih kekes sarta adjrih dateng Pandawa, Kangdjeng rama namoeng andahar oendjoekipoen para tijang. tijang ingkang asih dateng Pandawa, ngantos boten anggalih dateng poetra pijambak miwah kawiloedjenganipoen pradja Astinapoera. Soemelanging panggalih padoeka poenika ateges damel bawoering wawasan, satemah namoeng tansah toenadoengkap ing sadaja tindak, kalintoe ing sadéngah lekas.
150