panjoewoen marang pandjenenganingsoen, apa kang sira karepaké, sajekti bakal soen pitoeroeti.” Oendjoekipoen déwi Kresna sarwi wotsari kalajan taksih karoena: „Doeh Sinoewoen Kangdjeng oewa Praboe; manawi koela dipoen parengaken gadah panjoewoen, moegi poetra padoeka praboe Joedistira poenika dipoen loewarana.” Dawoeh pangandikanipoen praboe Dristarastra: „Nini; panjoewoenira ikoe sajekti bakal soen pitoeroeti. Mara djenengsira darbéja panjoewoen manèh.” Oendjoekipoen déwi Kresna kalajan manembah sarta taksih kamisesegen: „Doeh Kangdjeng oewa praboe; moegi poetra padoeka Bimaséna, Ardjoena, Nangkoela saha Sahadéwa sami kaloewarana sarta kawangsoelna sadaja dedamelipoen.” Pangandikanipoen praboe Dristarastra: „Nini; panjoewoenira ikoe kabèh sajekti soen parengaké. Lah saiki darbėja panjoewoen manèh, apa kang sira karepaké, mesti bakal ingsoen sembadani.” Oendjoekipoen déwi Kresna kalajan wotsari: „Doeh Kangdjeng oewa praboe Soesoehoenaning bawana; kamoerkan poenika damél sirnaning kaoetaman, pramila boten prajogi sanget manawi koela gadaha atoer panjoewoenan malih langkoeng saking poenika. Doeh Kangdjeng oewa praboe; wetjanipoen para witjaksana, wisja poenika wenang gadah panjoewoen warni satoenggal, satrya djaler wenang gadah panjoewoen warni tiga, ananging manawi poetri namoeng warni kalih. Déné para brahmana sami gadah wewenang panjoewoenan warni satoes. Awit saking poenika pramila koela kalangkoeng adjrih jèn ta anjoewoena poenapa - poenapa malih dateng padoeka. Manawi para prija koela sampoen kaloewaran saking kasangsaranipoen sarta sampoen sami asikep dedamel kadi soewaoe-waoenipoen, koela pitados temtoe bedé saged pikantoek kamoeljan malih sarana lampah oetami.” Para noepiksa kakoeng poetri ingkang minoelja. Doemoegi samanten kasigeg roemijin dongèngan poenika, awit sampoen katingal sanget pandjang. Pramila ing samangké kaparenga dipoen selani wawasan sawatawis bab oenderaning piwoelang ingkang soemimpen ing dalem tjarijos kasboet nginggil.
Manoengsa wadjib poeroen soeka katrangan kanti saleresipoen dateng pitakènipoen tijang sanès.
Rèhning dongèng poenika taksih dèrèng doemoegi ing pada oetawi dèrèng doemoegi ing poengkasaning péranganipoen parwa, pramila ing ngriki namoeng badé kaatoeraken katrangan sakedik, moerih boten kadangon anggènipoen medot dongènganipoen, poenapadéné angèngeti bokbilih pandjenenganipoen para noepiksa selak badé ngoeningani tjarijos lelam-
144