hoer. Nalika waoe sang praboe mandeng dateng Sang Soedanwan. Sang Soedanwan nepsoe sanget déné tansah kapandeng poenika, ngantos katingal kadi moeroeb - moeroeba nètranipoen sang Soedanwan saking nepsoenipoen, saha ladjeng matoer makaten: „Manawi padoeka boten karsa ngandika ing saleresipoen, oetawi boten kapareng mangsoeli pitakèn koela kalawaoe, moegi Djawata ingkang asikep sandjata baledèg anandoekna baledègipoen ing mastaka padoeka ngantos remoek dados soewalang - walang”.
Praboe Prahalada midanget woewoesipoen sang Soedanwan makaten waoe kalangkoeng adjrih ngantos goemeter sarandoening sariranipoen. Rèhning sang Praboe dèrèng saged anetepaken kadospoendi badé widjiling pangandikanipoen saha kadospoendi kedah pantjasanipoen, pramila sang praboe ènggal manggihi soemitranipoen nenggih sang brahmana resi Kasyapa ingkang witjaksana, wigatos tetarosan, pitakènipoen: „Doeh sang witjaksana; idjengandika sajekti sampoen lebda dateng kawroeh kasoesilanipoen para déwa, para asoera toewin para brahmana. Panjoewoen koela moegi idjengandika kaparenga angledjaraken pepetenging manah koela. Manawi tijang dipoen pitakèni ing sanès mangka boten poeroen mangsoeli oetawi ngantos kasdoe soeka katrangan kanti boten saleresipoen, poenika ing tembénipoen samasa doemoegining delahan ladjeng badé manggèn ing poendi?”
Wangsoelanipoen sang brahmana resi Kasyapa: “Doeh Sinoewoen; manawi tijang pantjèn soemerep sajektos, mangka boten poeroen soeka katrangan kanti saleresipoen djalaran saking loemoeh oetawi geting, poenika ateges andenda awakipoen pijambak sèwoe pasasipoen Batara Waroena. Tijang ingkang dipoen priksa wonten ngarsaning pangadilan bab anggènipcen neksèni salah satoenggaling prakawis ingkang pijambakipoen njoemerepi kalajan mripatipoen pijambak, mangka wangsoelanipoen boten balaka ing samestinipoen, poenika ateges andenda awakipoen pijambak sèwoe pasasipoen Batara Waroena. Wondéné sapasasipoen Batara Waroena poenika adjinipoen satimbang lan paoekoeman koendjara badan sataoen. Pramila sinten ingkang pantjèn soemerep lan mangretos saèstoe dateng salwiring samoekawis ingkang katakèkaken déning sanès kedah soeka katrangan ing saleresipoen. Manawi ing salebeting pakempalan wonten sawenéhing tijang toemindak boten leres, mangka tijang - tijang ing pasamoewan waoce boten poeroen njaroewé sarta namoeng kèndel kémawon, poenika ing tembénipoen paoekoeman ingkang kasanggi déning tijang ingkang toemindak boten leres waoe ingkang sapalih badé kabebahaken dateng pangagenging pasamoewan ing ngrikoe, ingkang saprapat kasandangaken tijang ingkang toemindak boten leres poenika pijambak, déné tirahanipoen ingkang saprapat kaedoem waradin dateng sadaja tijang ingkang sami noengkoeli wonten ing
138