sampoen pitakèn kanti lara-lara karoena, poenapa darah Koeroe poenika sampoen kontjatan ing kaoetaman lan kasoesilan, ananging satoenggal boten wonten ingkang soeka wangsoelan. Doeh sagoeng ratoe; manawi ing kalanganipoen tijang saé kadatengan tijang kasangsaran ingkang pepindanipoen kadi tijang kabesmi, poenika wadjibipoen kedah enggal énggal toemandang medjahi latoenipoen sarta soeka oesada kanggé andjampèni tatoenipoen ingkang kabesmi. Manawi ingkang dateng waoe tijang karisakan oetawi soesah ing manah, wadjib ladjeng dipoen jem - jemi moerih lipoera manahipoen. Samangké ing salebeting pasamoewan ngriki wonten tijang sangsara sarta neda pangadilan, mangka panedanipoen waoe kanti waton - waton kasoesilan ingkang loehoer. Pantjènipoen kala waoe waoe sagoeng para ratoe toewin para satrya kedah sami anggalih saha saladjengipoen paring katrangan ingkang adedasar ngadil. Kala waoe poen Wikarna sampoen nglairaken pamanggihipoen pijambak kanti awewaton kasoesilan ingkang mapan, minangka katranganipoen dateng pitakènanipoen sang poetri ing Pantjala. Dados pantjènipoen makaten sadaja oegi ladjeng sepen pakèwed toemrap nglahiraken pamanggihipoen pijambak pijambak, samanten waoe manawi pantjèn taksih sami kasinoengan ambeg oetami sarta watak kasatryan. Wonten ing kawontenan kados makaten, meneng poenika ateges tjidra. Kaoeningana doeh sagoeng para ratoe; para witjaksana sampoen andongèngaken makaten:
„Doek ing ngoeni wonten satoenggaling radja denawa adjoe-djoeloek Praboe Prahalada, kagoengan poetra kakoeng satoenggal apaparab Wirotjana. Diwasanipoen ditya Wirotjana ngoepados djatoekrama, doemadakan pinanggih kalijan sang Soedanwan poetranipoen sang resi Anggirasa ingkang lelana, oegi preloe ngoepados djatoekrama. Rèhning kalih - kalihipoen waoe sami noenggil kadjeng, pramila ladjeng daredah arebat wanita saha sami tekad angetohaken djiwa raganipoen, oetjapipoen: „Akoe loewih loehoer tinimbang kowé”. Déné satoenggalipoen oegi ladjeng moewoes; „Akoe loewih moelja tinimbang kowé”. Satemah ladjeng sami pantjakara, ananging ngantos sami angetog kadibjan boten wonten ingkang kasoran. Sareng sampoen tetéla kalih - kalihipoen poer boten wonten menang boten wonten kawon, ladjeng sami marak ing ngarsanipoea praboe Prahalada, wigatos njoewoen pangadilan. Oendjoekipoen sang Wirotjana toewin sang Soedanwan wonten ing ngarsanipoen praboe Prahalada waoe makaten: „Doeh Sinoewoen; moegi padoeka kaparenga paring pangandika ing saleresipoen saha sampoen ngantos tjidra, ing antawisipoen koela kakalih poenika poendi ingkang langkoeng loehoer?”
Praboe Prahalada kalangkoeng kagèt ing panggalih, déné anggenipoen sami pantjakara poenika teka namoeng arebat loe-
137