Doessasana kados makaten poenika sanget bendoe panggalihipoen jajah anggempoer - gempoera djagad, satemah sora pangandikanipoen: „Hèh hèh kabèh kang pada loenggoeh ing pasamoewan iki; seksènana oetjap prasetyakoe. Ing tembé akoe mesti bakal andjebol dadané si Doessasana kang kaja doerdjana tindaké ikoe lan bakal tak kokop getihé. Jen ora kalakon mangkono, akoe ora bakal loemakoe toeroet dalané para leloehoerkoe kang woes pada swarga.”
Sadaja ingkang sami lenggah ing pasamoewan midanget prasetyanipoen sang Bimaséna makaten poenika sami karaos geter ing panggalih ngantos moerinding sariranipoen sarta sami ngoedaraos bilih ing tembé temtoe badé wonten dahoeroe toewin lelampahan ingkang anggegirisi ing antawisipoen para darah Koeroe pijambak. Sagoeng para tamoe poenika ing batos angleresaken dateng sang Bima saha nglepataken dateng para Dristarastrapoetra anggènipoen sampoen kasdoe nindakaken pandamel daksija sawenang-wenang dateng para Pandawa.
Koeneng kawoewoesa malih sang Doessasana saja waringoeten tandangipoen anjendali njampingipoen dèwi Droepadi, ananging saben kasendal ladjeng wonten malih njamping sanès ingkang nasabi sariranipoen sang dèwi. Sang Doessasana ladjeng anggènipoen toemandang sarwi moering - moering, ananging boten saged kalampahan sedyanipoen badé ngoedani sang retna dèwi Droepadi. Saking sajahipoen satemah sang Doessasana goemrobjos, napasipoen melar mingkoep, sarira goemeter, karingetipoen dalèwèran angebesi sariranipoen sakodjoer, satemah kawirangan deleg - deleg andjetoeng kalajan menggèh - menggèh.
Sagoeng para tamoe ing sasampoenipoen kagawokan ngoeni - ngani kawontenan kados makaten poenika ladjeng sasarengan sami tjaloeloek, pangoewoehipoen: „Lah saiki para Dristarastrapoetra kalakon kawelèh tindaké. Lagi karo poetriné baé tetéla woes ora kongang ngembari kasektèné, adja manèh karo para Pandawa manawa woes toemeka paletèking masakala gelem nglairaké kanepsoné. Kaanané dèwi Kresna mangkono ikoe lajak woes dadi panitikan manawa para Dristarastrapoetra pranjata kaliroe tindaké lan bakal toemiba ing apes tembéné boeri.”
Sang Jamawidoera amedar sabda. Sang Bimaséna soesoembar ing ngarsanipoen sang Droejoedana.
Sakala waoe ing madyaning saba papan pasamoewan oreg. Sang Jamawidoera ènggal djoemeneng saking palenggahan sarwi angandika sora widjiling sabda: „Doeh sagoeng para ratoe toewin para satrya ingkang sami lenggah ing ngriki; panjoewoen koela moegi kaleremna panggalih padoeka sadaja. Kala waoe poetri ing Pantjala poenika
136