Menyang kontèn

Kaca:Mahabharata Kawedar (No. 5, Mei 1939).pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

kadosa soekaning panggalihipoen, namoeng para naréndra tamoe toewin para wreda para pinisepoeh sami toemoengkoel, boten mentala ngoeningani kawontenanipoen déwi Kresna ingkang ngantos langkoeng saking ngekat kinaniaja déning sang Doessasana kados makaten poenika, toer boten nandang dosa poenapa - poenapa, déné ngantos katjetjamah kadi angganing sato ingkang tanpa adji.

  Sang Resi Déwabrata toeangganipoen para darah Bharata ingkang sadoe boedi saha ingkang witjaksana, ngoeningani kawontenan kados makaten poenika dahat karerantan panggalihipoen ngantos koemembeng ingkang waspa, wasana alon pangandikanipoen dateng sang déwi Droepadi, kapijarsa seret widjiling dawoehipoen: ,,Doeh nini poetri kekasihing Djawata Agoeng; pandjaloekkoe, moega kowé dibisa anjirnakaké was soemelanging pikirmoe ing sadjroning panandang, sajekti kowé tansah rinaket ing Djawatamoe. Doeh nini; ajwa kowé kaliroe soeroep; anggonkoe meneng baé lan ora tjawé-tjawé iki amarga kagawa saka anggonkoe koemoedoe - koedoe netepi ing kaoetaman, moela akoe kapeksa ora bisa moetoesi prakara ikd ing samengko. Moeng baé, sajektiné wong ora darbé wewenang angetohaké bandaning lijan samasa doeroeng oléh palilahé kang andarbéni. Joedistira woes nglenggana manawa dadi bojonganing moengsoehé lan woes petal saka sakabéhing darbéké ing maoené dadi woes ora wadjib amengkoni sakabéhing barang radja darbéké. Joedistira oega woes soemoeroep marang kadjoeligané si Sangkoeni, lan oega woes ngreti manawa ngabotohané si Sangkoeni ora prasadja sarta katindakaké kalajan lakoe tjoelika nganti woes ora bisa dikalahaké sarana lakoe kaprijé baé. Soeprandéné Joedistira ora gelem angoendoeri, ora kendak atiné, ananging malah saja mempeng amberoeng anggoné ambandjoeraké ngabotohan, ing semoe kaja woes ditemaha entéking bandané dalah kabéh radja darbéké sarta wewenangé. Awit saka ikoe, nini; akoe ora bisa moetoesi prakara iki. Ora liwat pandjaloekkoe marang kowé, di bisa anampani sakabéhing lelakon kang kok sandang lan adja oewas ing atimoe, karana Djawata tansah raket ing sariramoe.”

Resi Bisma.

  Atoer wangsoelanipoen sang retna déwi Droepadi: ,,Doeh kangdjeng éjang; ing soewaoe wajah padoeka praboe Joedistira dipoen oelemi. Sadoemoeginipoen ing Astinapoera ngriki ladjeng dipoen tantang kasoekan dadoe, kamengsahaken kalijan botoh tjoelika ingkang asor boedinipoen nenggih poen Sangkoeni poeni-

129