Kaca:Lintang Biru.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Terus terang, carane nulis geguritan iku pirang-pirang. Tegese ora mung siji loro, nanging akeh, lan maneka warna. Dadi, ora beda karo kekandhan. Bisa diwiwiti saka ngendi wae, lan dipungkasi tekan ngendi wae. Sing baku, kudu nggunakake basa Jawa, syukur bage uga ngetrapake pocapan, lan greget pathete kabudayan Jawa.

Mbokmenawa tulisan iki kena kanggo “sangu” sethithik rong ithik sajroning ajar nulis geguritan. Dene ana kurange, ayo padha disinaoni bebarengan.■

87