Kaca:Lintang Biru.pdf/93

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Contone, (X) mau diangkat saka paribasan: "kebo gupak ajak-ajak", Tegese: kebo sing bubar dianggo mluku lan gupak blethok yen nyenggol samubarang mesthi marakake reged. Paribasan iki nggambarake wong kang duwe patrap ala gampang nularake alane mau menyang sapa wae kang srawung karo dheweke. Kejaba saka iku paribasan iki uga menehi pitutur supaya ngati-ati kekancan karo wong kang duwe aten-aten ala, supaya ora ketularan alane. Conto liya, (X) mujudake keyakinan menawa wong kang tumindak bener bakal oleh ganjaran, dene kang tumindak ala (salah) bakal nampa ukuman. Kayadene paribasan: "becik ketitik, ala ketara." Mula saka iku, aja gampang tumindak ala lan salah. Pintera kaya ngapa anggone ndhelikake tembe mburine bakal konangan.

Dene wujude kahanan sing ngemot isi (X) ngenani "kebo gupak ajak-ajak" mau contone: Si A bocahe pinter, nanging duwe aten-aten kurang, becik. Dumeh pinter, dheweke ora gelem sinau. Saben dina gaweyane mung dolan. Ora ketang mengkono bijine raport panggah apik, lan mlebu ranking terus. Gara-gara sering diajak dolak karo Si A, ana kancane sing ketularan, melu-melu arang sinau. Oleh-olehane, raporte kobongan, meh wae sekolahe ora munggah.

85