Kaca:Lintang Biru.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sapa wae sing kepengin nyinaoni nulis geguritan becik mangerteni luwih dhisik ngenani: 1) apa kang bakal ditulis dadi geguritan, 2) kepriye carane nulis geguritan mau. Dene jlentrehe mengkene:

1. Apa kang bakal ditulis dadi geguritan

Sadhengah tulisan (geguritan, cerkak, dongeng, esai, layang, novel, reportase, lan sapanunggalane) mesthi nduweni "isi" sing perlu dikandhakake marang liyan utawa murih diwaca dening wong liya.

Upama "isi" mau wujude (X), sing diarani geguritan yaiku (X) sing anggone ngandhakake nggunakake basa (tulisan) kang miturut adat kasusastran diarani geguritan. Dene cirine geguritan, kayata: tetembungane ringkes, cekak aos, ukarane pedhot-pedhot kaya ora (durung) rampung, nduweni irama kayadene "musik" saengga bisa dilagokake (ditembangake), akeh nggunakake sanepa utawa pepindhan, lan sateruse.

Umume, isine geguritan (X) mrentul utawa tuwuh saka keyakinan, pitutur, pepenginan, panganggep, sing miturut rasa pangrasane si penggurit becik lan gedhe pigunane tumrap kamanungsan, saengga perlu dimangerteni dening liyan. Dene sabanjure (X) mau dipapanake ing sawijining kahanan (prastawa) sing "unik" supaya bisa dirasakake pathi sarine dening wong liya.

84