Kaca:Lintang Biru.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AGUSTA PUTRA WINANDA
SMP Negeri 4 Bantul

Ngopeni

Kebo akeh pikirane
sungu loro ngabote utege
pedhet ndhedhet uripe
pait banget nasibe
kecemplung rasa bingung
kebegal perkara utang
kebacut klebus
pecah, remuk ing pikiré

Tresna

Esuk padhang jingglang
atimu ngawe-awe atiku
kembang thukul ing njeru dhada
tetesan kringet mancur deres neng pipi
aku kesengsem karo sliramu
pancen bayanganmu ora bisa lali saka atiku

Kentekan Laku

Lakune bingung
arep ngiwa apa arep nengen
arep mlaku, engkelen
seseg dhadaku

1