Kaca:Lintang Biru.pdf/82

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kapan le arep nglenggana
Mbok yo eling rukun agawe santosa, crah agawe
bubrah

Duh Gusti paringana sabar h
Supaya wong donya iki pada eling marang Gusti

Sujud Syukur

He...wong kang disenengi
Ayo pada nyuwun pangapura
Marang Gusti Allah kang maha kuasa
Mumpung Gusti isih bukak lawang pangapuran
Kowe kongsi jambul uwanen kae
Isih tetep dibuka
Ayo pada sujud syukur jaragan isih bisa urip neng
donya iki

Paseduluran Suket

Kaya suket neng papan teles ,
Ayo padha ngrungoake bisikan lembut ati urip
Ngolah nurani lan sinau negesi isyarat saka kiwa
tengen
Ngrangkul bumi karo gandhengan tangan
Ben udan grimis ora amis lan gawe miris

Becike ngresiki pecahan sing pating slebar
Kaya kluwung nyulam serat-serat kang sumuwar
Ben urip iki ayem lan tentrem

74