Kaca:Lintang Biru.pdf/81

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
YUNITA NUR ASTUTI
SMP Negeri 2 Imogiri

Kembang

Taman kang akeh kembange
Kang ambune sumegrak
Marakake atiku trenyuh
Kembange kang warna-warni
Gawe sumringahing ati

Apa ta?
Sing marakake kowe apik
Aku pengin kowe
Kang disenengi uwong-uwong

Nanging apa wangun aku dadi kowe
Mben eneng angin nglawe-nglawe
Ora... ora bisa aku nirokake kowe
Aku tetep aku

Wong Donya

Wong donya saiki ora ana sing becik
Kabeh mung padha mikirke bandha
Ora eling marang Gusti kang maringi

Apa ta sing dikarepke
Wiwit kuncung nganti gelung,
Kok durung eling

73