Kaca:Lintang Biru.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Manawa kabeh mau nambahi
Gumbiraning ati
Taman kang endah, sing
Ndadekake rasa
Seneng sapa wae
Pancen kudu kita syukuri
Manawa
Kabeh mau ciptaning pangeran
Kang agung

Pelopor Wanita

Endhah pasuryane, lantip pikirane
Gedhe lelabuhane, tumrap wanita
Mbukak jagad sing peteng, amrih
Bisa
Padhang kaya dene soroting sang bagaskara
Byak...

Padhang, wisa ora peteng maneh
Jagade
Saiki wanita wis padha drajade
Karo priya
Ora mung dadi kanca mburi
Kang minangka pelopor
Emansipasi
Mula...
Dadiya putri sejati
Luhur bebudene, kanthi sesanti
Ing ngarsa anuladhani, ing
Madya mangunkarsa,
Tut wuri handayani

71