Kaca:Lintang Biru.pdf/75

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SURATI
SMP Negeri 3 Pajangan

Urip

Uripku ana ing ngisor wit-witan
Wit kang digrogoti rayap
Nganti ambruk ana ing banyu
Sanajan ambruk
Wit iku isih bisa urip maneh
Nanging wit iku ora subur
Amarga ora duwe oyod
Sing bisa kanggo ngadeg jejeg
Bisa kanggo gondhelan
Sebab kabeh oyode
Kropos kepangan dening rayap

Wong Jaman Saiki

Jaman saiki
Jaman kang tansaya modheren
Jaman kang tansaya maju
Kepinteran ora bisa dituku
Ananging pengalaman kudu digugu
Ya kuwi ananing jaman saiki

Wong tuwa kang dewasa
Durung bisa ngemong kemajuwaning donya
Jaman saiki akeh wong enom kang isa maca
Maca apa kang ana ing donya.

67