Kaca:Lintang Biru.pdf/73

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Gotong royong mbangun wisma
Bantu binantu mranata praja
Amrih tumata sedaya warga
Pinaringan nugraha saka Kang Maha Kuasa

BANGKIT BANTULKU!!!

Malem Kemis

Ing wengi kang atis
Rembulan njedhul sawise grimis
Atiku miris
Kelingan lelakon kang uwis-uwis

Lamat-lamat wewayangane sliramu
nggodha atiku
Saben kelingan esemmu
Sangsaya rinujit-ujit atiku

Wengi iki malem Kemis
Sing keprungu amung swara tangis
Tangise atiku kelingan sliramu
Sliramu sing tak padhang, malah mlayu

Mawar Biru

Semilir angin ing wayah esuk
Gawe tentreme atiku
Nalika kelingan sliramu nate janji
Ngugemi katresnan sejati

65