Kaca:Lintang Biru.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
RIVA FAUZIA
SMP Negeri 1 Pleret

Uripku

Uripku kaya Banyu
Banyu sing isih resik, anteng, ayem lan tentrem
Nanging godhong-godhong padha ngregeti
Bocah cilik padha ngopyak-opyak
Urip dadi pating semrawut
Banyu dadi reged lan buthek
Senajan kaya ngono
Ana sing ngancani awake dhewe
Yaikuiwak, lan kanca-kanca
Yen isa sabar lan tamba
Derajate bakal tambah
Terus urip bali anteng, ayem, lan tentrem

Mela-melu

Dadi Bocah aja manutan
Ngalor ngidul mung ela-elu
Ora mikir ora nggunakake ngelmu
Bocah sing mbiyantu iku durung mesthi bener
Sapa ngerti mung sapandeleng
Yen arep tumindak dipikir dhisik
Takon sanak kadang
Ben ora keblasuk
Ojo seneng tiru-tiru
Mengko mundhak salah,wagu tur keliru

58