Kaca:Lintang Biru.pdf/64

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Alas

Alas kang gung liwang-liwung
Dadiya omah para manungsa lan kewan
Wit-witan kang ngrempuyuk
Kaya dadi rambuting donya
Kewan akeh, urip rukun bebarengan karo
manungsa
Mung ana satitiking manungsa
Sing ora mikir dawa
Wit-witan ditegori, kewan-kewan dipateni
Nyebapake bebaya lan bencana
Para muda, dadio generasi kang becik
Biso ngrawat apa ta wae kang ana ing donya
Luwih-luwihe alas
Para muda, lestarikna alas lan donya iki .

Donya

Donya Iki Nangis,
Donya Iki Sedih
Meruhi Kalakone Manungsa
Kang Ora Becik, Ora Apik, Lan Ora Terpuji
Mulo, Nginguko Memburi
Para Siro Kabeh
Dadekno Donya Iki
Dadi Donya Kang Ayem, Tentrem
Dadi Papan Kang Endah Adi

56