Kaca iki wis divalidasi
apa padha ora ngerteni
yen wis tekaning pati
wis ora bisa suwala
pancen urip mung sakedheping netra
kudu nggeguru marang wong iman
supaya nastiti lan waspada h
marang pati sing tanpa kula nuwun ndherek wingi
dhuh Gusti, paringono dalan padhang,
Niru Lakune Uler
Dak sawang gegodhongan ing taman
sajak rekasa,
mikul sakwayah-wayah
nggrogoti, lan mangani godhong
uler kang duweni watak srakah
nggarong godhong kang dienciki
bolong, punthes, lan niba tanpa sisa
daksawang maneh isi uler
rampok kang biyasane nggrogoti godhong,
saiki wus ora ana
wus dadi kepompong
uler tapa, pasa, njaluk ngapura
kanthi lembah manah Gusti
kanthi tanpa uler ilang
wus dadi kupu kang endah
plambang wong ala kang dadi wong iman
54