Kaca:Lintang Biru.pdf/61

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Guru

Lumaku nitih motor tuwa
kang sakwayah-wayah mandheg ing dalan
nyangking tas sawek kang kebak buku
jebol ing dalan, mbrojol bukunira

kanthi pasuryan sumringah
sira dhidhik para putra bangsa
supaya bisa dadi blencong,
ing sandiwara donya

guru, sira menjila marang pakaryan liyan
ekonomi kaimpit, pawon ora kemebul
rasa luwe lan papa
ngabdi marang nagara
kanthi ikhlas tulusing manah

guru pahlawan pendhidhikan
ngentasake nagara saka kancintrakan
amrih adil makmur lan sentosa
guru, pahlawan bangsa tanpa tandha jasa

Urip Mung Sakedheping Netra

Ya ana wong sing dhegleng
sing ora ngerti marang Gustine
uga keh pawongan
kang kebak nikmat lan pitulungan
nanging lali marang Gustine

53