Kaca:Lintang Biru.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
ATUR SAPALA

Puji syukur Alhamdulillah tansah kita aturake ing ngarsaning Gusti Kang Maha Agung awit saking rohmat lan hidayahing Gusti, antologi geguritan Lintang Biru iki bisa kababar jumbuh karo wektu kang pinathok. Antologi iki mujudake kumpulan geguritan asil karyane para siswa Bengkel Sastra Jawa 2008. Antologi iki diwenehi sesirah Lintang Biru awit kajupuk saka salah sijining geguritan anggitane Eka Sumarni. "Lintang" nduweni teges 'cahya, sumunar", dene "biru" nduweni teges 'harapan utawa pangareparep'. Kajaba iku, tembung biru uga ngemu teges "simbol langit lan laut. Kanthi mangkono kita mangajab supaya para siswa padha ngarep-arep ngrembakaning sastra Jawa kaya dene pangareparepe marang njedhule lintang biru mau.

Bengkel sastra Jawa kang nengenake nulis geguritan iki diadani kaping lima saben dina Minggu kawiwitan tanggal 13 April nganti tekan tanggal 25 Mei 2008. Dene, kang kapiji minangka tutor yaiku Sedulur Drs. Suwardi Endraswara, M.Hum., R. Bambang Nursinggih, S.Sn., lan Iman Budi Santosa.

Siswa Bengkel Sastra Jawa 2008 iki dumadi saka para siswa SMP se-Kabupaten Bantul kang cacahe ana 25 siswa. Sanadyan mangkono, gregete para siswa gedhe banget kacihna ing pungkasaning acara bengkel, para siswa bisa nyuguhake buku antologi sarta bisa nggamel lan maca geguritan.

v