Kaca:Lintang Biru.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
NURDIYANTO
SMP Negeri 1 Banguntapan

Kranjang

Kranjang iku dadi saksi
Rikala aku pijer nangis
Kadhemen, luwe lan bebuwang

Ksanjang iku minangka crita
Rikala aku digadhang
Digedhong jarik ditembangake lelagon jawa

Kranjang iku micara
Rikala aku diayun
Mangiwa lan manengen
Supaya bisa meneng anggone nangis
Lan enggal turu

Saiki aku wus dadi manungsa
Kang diarep-arep bangsa
Saka donga lan pangajabing ibu
Enggal mentasake kabobroking negara

Ibu Pertiwi

dak sawang ibu pertiwi
nembe cuwa, nangisi dina wingi
lara keranta-ranta
lara gela kang ora ana jampine

50