Kaca:Lintang Biru.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kekarepan

Kanca,
Yen duwe kekarepan sing gedhe
Tur kita isih nunut wong tuwa
Mula kita kudu bisa ngajeni
Bisa gawe seneng wong tuwa
Kayata omah
Yen olehe gawe kegedhen empyak.
Tur malah kurang cagak
Omah iku bisa ambruk
Mula yen duwe kekarepan
Kudu sembada
Supaya ora gawe susahe wong tuwa

Bebek

Kewan kang becik tumindake
Yen golek pangan mesthi bebarengan
Ora ana congkrah
Gampang ditata
Beda karo manungsa
Yen manungsa
Golek pangan bebarengan
Nanging padha congkrah
Lan yen ditata ora gelem
Geleme sapenake dhewe
Pengine bebas
Nanging malah klewatan
Tumindake wis ora karu-karuwan
Mula kita kudu eling

48