Kaca:Lintang Biru.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Nanging yen, kowe nesu
Tansa gawe gara-gara kang gedhe
Jalwa tan bisa ngalang-alangi karepmu
Among Gusti kang bias nguwasani

Jeriting Margi

Ana ing tengah wengi
Sitoresmi kang cumlorot
Madange petenge wayah ratri
Tak delengake bayangan ran gedhang ngawe-
ngawe

Padha ngajak, ayo-padha miring,
Jerit-jeriting putra margi
Kang anyenyadong nyuwun pambiyantu
Aneng sakpro lampu bangjo

Ananging, ra bias tekan kuasaning Negara
Kaya njerit ono ing tengah wana
Tan ana jalwa kang ana

Jaman Edan

Jaman iki jaman edan
Akeh titah padha pasulayan
Rebutan madu balung tanpa isi
Rebutan bab kang janjane sepele

44