Kaca:Lintang Biru.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Lintang

Saben wengi ngebaki angkasa
Kerlap-kerlip cahyane
Kang bisa gawe ati seneng

Lintang madangi langit kang peteng dhedhet
Sajake seneng gawe donya padhang

Lintang,
Kaya rama ibu kang madhangi atiku
Sing ngajak ing kabecikan

Lintang,
Kaya widadari
Kang tansah ngetokke endahe
Lan ayune ngedap-edapi
Saben paningal nyawang lintang,
Tansah eling mring Gusti Pangeran
Kang nyipta lintang kang padhang
Lan agawe cedhak mring Gusti Pangeran

Dosa

Kembang kang megar
Nyebarke arume
Kupu kang mobar-mabur
Uripku kaya wit ing taman kuwi
Kang wis gogrok godhonge
Ora bebas, sajake kupu-kupu
Amarga aku manungsa

40