Kaca:Lintang Biru.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
NABILA HUDA UTAMI
SMP Negeri 1 Piyungan

Pancasila

Pancasila
Dadi dhasar negara Indonesia
Dadi dhasar kabudayan Indonesia
Dadi dhasar hukum kang dhuwur dhewe
Kang dilakoni karo rakyate

Pancasila
Paugeran kanggo tumindak
Kanggo nggayuh urip prasaja lan mulya
Nuwuhake manunggaling tekad
Agawe negara kang kukuh
Aweh tentrem lair batin

Pancasila
Kesektyanmu wus diuji
Kang dipikul dhuwur dening rakyat
Nanging amung kesadarane dhewe-dhewe
Kang bisa tumindak miturut pancasila

Mula kanca, padha tumindak kanthi adhedhasar
Pancasila
Kanggo nggayuh gegayuhan
Kang mujudake bangsa kang makmur lan prayoga

39