Kaca:Lintang Biru.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Mbok ya mikir.........!
Kowe ki sesuk arep dadi apa?
Anak bojomu sesuk arep mbok pakani apa?
Mbok ya kowe ki ngaji!
Mbok ya sliramu ki sekolah!
Mbok ya sampeyan ki golek banyu bening!
Luwih apik maneh yen sekolahe wis lulus ki kerja!
Supaya bisa dadi wong kang mujur,

Kanca Urip

Cahyamu ngganteni srengenge.
Yen peteng,
kowe sing ngancani aku,
kowe sing njaga aku,
sliramu sing ngawasi aku.
Coba...
upama kowe ora ana,
wong-wong ora bakal bisa urip
wong-wong ora bakal bisa nyambut gawe.
Esuk.awan,bengi...
Kowe ngancani aku.
Nanging wong-wong padha milih kokkancani ing
wayah bengi.
Kowe ngancani aku sinau,
ngancani aku nggarap PR, ngancani aku gawe
geguritan.
Udan,banjir,lindhu...
Kowe ngancni aku.
Kowe pancen kanca uripe manungsa.

35