Kaca:Lintang Biru.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Evi Hidayahwati
SMP Negeri 3 Jetis

Ambyar

Nalika ati katutup napsu
Jagad iki sangsaya peteng
Kaya mega sing katutup mendhung

Para manungsa wus ora migunakake perasaane
Mung nuruti napsune
Tuntunan-tuntunan sing ana
Wus ora digatekake

Mendhem,main,togel
Wus dadi tradhisi
Sing ana ing bangsa iki

Amarga kuwi,
Jati dhiri bangsa sangsaya kaidak
Bangsa kang agung iki,
Budayane dadi rusak

Angen-angen luhur
Bangsa Indonesia
Dadi ambyar, dadi remuk
Kaya wedi ing segara
Sing disapu ombak

Mula, ayo kanca
Padha sregep golek ngelmu

27