Kaca iki wis divalidasi
Nuntut Ilmu
Tangi esuk lunga esuk
Saben dina tak lakoni
Ngalor ngidul munggah medhun
Kepanasen kaya ing dhuwur geni
Ngono mau tak lakoni kanthi seneng ati
Kanggo ngabekti karo negeri
Mugi Gusti ngijabahi
Lan paring rejeki
Kang murakabi
Angin
Angin mobat-mabit
Iku nggawa godha rencana
Omah padha rusak
Wit-witan padha ambruk
Kadhang disenengi
Karana ngundang senenging ati
Kadhang disengiti
Karana ngundang sengiting ati
Jogja
Jogja kang pinter
ojo ngganti budaya kang kenthel
dadi budaya kang mubra-mubru
17