Kaca:Lintang Biru.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Bahasa Jawa

Apa gunane aku sinau
basa jawa kang wus ora payu
yen aku maca jarene wagu
kala-kala malah digeguyu

Jamane laptop wis payu
nulis jawa uga wagu
jamane hape wis padha duwe
aku kudu pedhe

Geguritan

Papan kanggo ngungkap rasa
kang nduweni kathah makna
piranti kang unggul
geguritan ingkang damel guna

Panguwasa Kang Ora Becik

Ojo dumeh panguwasa!
kang nduweni wewenang
endi sesorah kebak ing janji
pranata kang ngundang wigati

Apa dumeh wis oleh kasil?
lali marang janji kang digawe
digawe tanpa di peksa
kang metu saka getih kang nggumpal

15