Kaca:Lintang Biru.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
EKA SUMARNI
SMP Negeri 1 Pajangan

Nalika Tangi Esuk

Nalika padha tangi turu
sadawaning wektu dina iku
kabeh tindak-tanduk
bakal tinemu sarwa mathuk

Kabeh iku ngemba patrabing unta
esuk njerum
sedina muput gawan bakal kagawa

Nalika surup wus tumeka
unta njerum maneh
pasrah ing ngarsa Gusti

Lintang Biru

Yen wengi wus tumeka
cetha ing angkasa
lintang kang sumunar biru
saben manungsa padha ngguyu
rembulan kang sumunar
agawe lintang kang gumebyar
yen lintang katutupan mendhung
agawe manungsa padha ngelu

14