Kaca:Lintang Biru.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

tangisku saya suwe saya seru
banjur aku kelingan
Gusti kang welas lan asih

Impenku

Kelingan sliramu kuwi kudu
saben dina aku ora bisa urip maju
mabur kaya kupu
neng dhuwur ngalu — alu
kepriye aku ketemu sliramu
mung bisa sakwayahe turu

Yogya ing Wayah Esuk

Wektu kuwi isih krasa adhem
tak rasa anyeping banyu
kanggo ngusap raiku
alon — alon tak getering donya
saya suwe saya banter
dadeake ati iki geter
keprungu jeriting manungsa
kang nandhang cintraka
lindu gedhe kang ngoyagee Yogya

13