Kaca:Lintang Biru.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

nanging apa balesanku
aku kerep nglerwakake pituduhmu

Biyung....
jasamu akeh banget
kepriye aku kudu bales
mung dongaku kang taksembahke kanggomu
muga Allah paring ridha niat luhurmu

Eling sira manungsa

He para manungsa...
pada elinga marang sing kuasa
sing maha agung lan wicaksana
he para manungsa........
aja mung mikir donya
numpuk-numpuk bandha
sing ora ana guna

He slira manungsa...,....
ayo padha eling lan mertobat
marang maha panyipta
tagwa lan akeh dedonga
muga-muga luput saka dosa
pada diapura..........

Angin ing pesisir

Aku lungguh ing pinggir pesisir
tak delok ombak sing gulung-gulung

10