Kaca:Lintang Biru.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
DESI WULANDARI
SMP Negeri 1 Jetis

Indonesia Negriku

Indonesia negriku....
negri kang indah lan subur
rakyate katon makmur
gemah ripah loh jinawi

Indonesia negriku....
negri kang wis maju
saka sabang tekan merauke
kabeh wis ngarahke kemajuane

Indonesia negriku....
negri tumpah dharahku
beda-beda, ning tetep siji
Indonesia sing taktresnani....

Biyung

Semilir angin esok iki
ngliwati pori kulit
sawijining esem sinambut
kanthi sayuta pituduh
sliramu kang gegulang aku
Biyung...
wiwit cilik aku digegulang
kanthi tresna asih

9