Kaca:Lintang Biru.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

lan, panggedhene negara yaiku pamarintah
ingkang kagungan tugas ngatur panguripane
negara
apa wae sing ana hubungane dening negara
pamarintah sing jujur lan adil
pancen uripe rakyat terjamin
nanging pamarintah sing gaweane korupsi
rakyate padha nelangsa lan gawe prahara
pramila pamarintah negara
kudu bisa ambedaake becik lan ala
supaya negara iki tentrem
ora ana masalah dening pamarintahan

Pati Uripe Ula

Pati lan uripe ula
sapa wae iku mesthi ngerti
ula kang ana wisane
ula kang bisa mateni manungsa
bisa dikalahake ingkang gampang,
ora perlu dicelukake pawange ula
cukup kanggo sak lencer empring
pati lan uripe ula ana ing gegere
sebabe geger ula iku ringkih
pramila ora perlu susah-susah
cukup digebukake ing gegere
ula iku mesti ora bisa urip maneh

8