Kaca:Lintang Biru.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
BERNADHITA NUR UTAMI
SMP Negeri 1 jetis

Panguripane Wong Tuwa

Wong tuwa kang ora gelem pawe
namung anjagaake pawenehing anak
kayata peribasan Jawa
kebo nusu gudel

Anak iku durung mesthi bisa ngurupi
sebabe kabutuhane anak iku akeh
iku durung apa-apa!

Sak umpamane
anak wis dadi wong tuwa
apa wong tuwa njaluk anak sakjeke
apa ora isin karo tonggo teparone
pramila aja nganti wong tuwa
ingkang anjapakake pawenehing anak

Bocah Wadon

Bocah wadon kaya piring lan gelas
kang perabotan sing gampang pecah
dadi bocah wadon iku ora gampang

Kudu bisa njaga kesuciane awak.
njaga tumindak iku ya penting,

6