Kaca:Lintang Biru.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
ARI SRI HARYANTI
SMP Negeri 1 Jetis

Pangrasa Jati

Pangrasa jati,
gumelung panganten ngungak gumantine wektu
kang kandheg ing tumaruntuning jaman sakawit,
nyawung tumetering wengi kang tanpa sabawane,
nalika gapura wis binuka menga ngliling kang
tumenga banjir negara ing ngendi susuhing ayang-
ayang, kang rengga pepataneng mego-mego.

Ana dununing karunyaten,
gimuwu prabawane kang ngelun pangangen saka
telengeng prangganeta,
sinasat murjikaning cahaya-cahaya kang tansah
tumiba ing pasrah pawugeran ing sadengah kang
kasat meripat sinurung karep mbebidung layung

Sumingkira yen pancen ora kuwowo amati raga
anggroso-rosoning pralampita.
Binarung sinirung pralambing jati,
kang piluginayuh-ginayung ing tawasuh sinisih
angrangsang paseksene kapilaur nyupata ing karep.

Udine werdi wernaning rerupan kang sinaput ing
samun kang anggelar tumibane punagi kecicir,
sinosoe angin puputan tumiyup atis ngirim pawarto
duh kita,

3