Kaca:Lintang Biru.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

cupet pikiranku
nggregesi awakku
pucet, pet-petan mripatku
rampung... anjlok ing alam ndonya

Nggatekake

Anteng meneng, anyep njejet
kaya kuburan ing tengah alas
dengung suworo nancep ing kuping
omonganmu nyerot ing sirahku
kang elek tak guwak adoh, kang apeg tak lebokke njero

Remuk Atiku

Grimis ati iki
adoh sliramu
cedhak perkaraku
benang pedhot nyuduk atiku
mobal mrekotok kaya uripe mawa geni
antep, abot nyunggi kahanan
tugelan biting krasa ing dhadaku
amarga kowe nglarani atiku

2