Menyang kontèn

Kaca:Kyai Ageng Pandhanarang.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

ageng lajeng saged ngeslamaken para ajar, kadosta ajar Menak Bawa, Bandar Alim, ki Malanggati lan sanes-sanesipun. Nanging nalika punika ugi taksih wonten ajar ingkang wangkot, boten purun ngrasuk: agami enggal. Tekadipun, bonten purun ngrasuk agami enggal manawi dereng sumerep buktinipun bilih agami enggal wau langkung unggul tinimbang agami lami.

Ajar wau wonten ingkang nama Prawirasakti, dedunung wonten ing redi Gambar (dumunung wonten ing sakidul-wetani- pun Tembayat). Kyai ageng Pandhanarang wongsal-wangsul kengkenan muridipun dhateng redi Gambar prelu ngeslamaken ajar Prawirasakti. Nanging kengkenanipun boten wonten ingkang saged angsal damel. Malah satunggal kemawon boten wonten ingkang saged nginggahi redi Gambar. Awit saben badhe minggah, lajeng wonten lesus dhateng dadakan nempuh dhateng kengkena- nipun kyai ageng, wusana kengkenan wau kontal dumugi ing ngajengipun kyai ageng malih. Wondene lesus wau miturut gotek inggih saking pandamelipun ajar Prawirasakti.

Kyai ageng benter manahipun, ajar Prawirasakti badhe dipun dhatengi piyambak. Kalampahan kyai ageng mangkat dhateng redi Gambar. Nalika badhe minggah, ajar Prawirasakti lajeng ang- glundungaken sela ageng-ageng saking nginggil. Nanging sela wau saban badhe ngglundhungi kyai ageng, katampen ngangge gam- paranipun lajeng sami kendel. Makaten wau boten kendel-kendel ngantos dumugi nginggil. Wusana kendeling sela kados dipun tata, saking ngandhap manginggil. Ngantos sapriki sela wau taksih wonten, kanamakaken sela andha.

Sareng sampun dumugi nginggil, kyai ageng Pandhanarang lajeng kapanggih kaliyan ajar Prawirasakti. Ajar Prawirasakti kapurih ngrasuk agami Islam, wangsulanipun songol ngungkak krama makatan: "Gelem aku ngidhep marang agama anyar, yen kowe bisa ngalahake kabisanku.”’

Kyai ageng sumambung: “Lah, kabisanmu apa?”’

"Delengan iki, aku duwe dara. Yen iki dakculake mangka kowe bisa nututi, aku gelem nungkul marang kowe.”

“Iya mara culna daramu, mengko daktututane.”

Ajar Prawirasakti lajeng ngeculaken daranipun, ingkang

48