Menyang kontèn

Kaca:Kyai Ageng Pandhanarang.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

urip. Nanging ya mung ngrebuta tekene bae, bojoku lan anakku aja kok kapak-kapakake.”

Bibar mangsuli makaten, kyai ageng nglajengaken lampahi- pun. Begal kalih kantun wonten ing tengah margi, ngentosi nyai ageng. Sareng nyai ageng dumugi ing panggenaning begal, begal agahan ngrebat teken wuluh gadhing. Teken tumun- ten kasigar dados kalih. Saestu pinanggih isi sesotya tuwin dinar kathah. Mila begal kalih inggih sami cikrak-cikrak saking bingahi- pun. Nanging lajeng sami ambatos makaten: ”Lagi tekene bae isine samene kehe, apa maneh sandhangane utawa kandhutane, mesthi- ne luwih saka iku.”

Begal kalih lajeng sami nyelaki nyai ageng, badhe dipun blejedi. Nanging saweg badhe nyepeng, dumadakan saking karsa- nipun ingkang Maha Kuwaos lajeng kraos lemes, ical kekiyatani- pun, dhawah nglempuruk wonten ing siti.

Nalika badhe dipun cepeng begal wau nyai ageng kaget lan kumesar manahipun, lajeng sambat-sambat dhateng ingkang jaler: *Kebangeten, kyai ana wong salah teka tega!”’ Inggih punika ingkang dados mulabukanipun panggenan ngriku kasebut nama Salatiga, mendhet saking tetembangan ”’salah” lan ”tega" *1)-

Sareng kaliyan sesambatipun nyai ageng wau, anak ingkang wonten ing gendhongan nangis. Sambat tuwin tangis wau kapireng dening kyai ageng. Kyai ageng noleh lajeng wicanten: Mau mula aku wis kandha, kowe mung daklilani ngrebut tekene bae, ora kena ganggu gawe wonge. Lah saiki, ya banjur mengkono iku jalukanmu, rupamu banjur kaya wedhus.”

Sakala ngriku saking mandining ujaripun kyai ageng, begal ingkang satunggal lajeng malih rupi, rainipun dados rai menda. Dene begal ingkang satunggalipun klesedan boten saged menyat, dipun lokaken kyai ageng kados sawer, wusana rainipun ugi malih dados rai sawer. Begal kalih lajeng sami nedha ngapunten lan pasrah pejah-gesang dhateng kyai ageng. Dene kyai ageng piyam- bak panggalihipun ugi gegetun, dene ujaripun teka katemahan. Begal kalih lajeng kapurih narimah sarta kapurih pitados dhateng Pangeran, mbokmanawi ing tembe saged pikantuk pangapunten. Salajengipun lajeng sami dados sakabatipun kyai ageng, kanama-

42