Menyang kontèn

Kaca:Kyai Ageng Pandhanarang.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

III. WONTEN ING MARGI

Kyai ageng Pandhanarang lajeng lumebet ing griya prelu rembagan kaliyan krabatipun. Semahipun sakawan, sadaya sugih- sugih lan anaking tumenggung. Anak-putunipun ugi dipun klem- pakaken. Punika sami dipun cariyosi anggenipun badhe maguru anggegulang ngelmu. Sedyanipun badhe kesah piyambak. Semah- ipun sakawan pisan kapurih kantun, momong anak putu. Dene wontening raja-brana tuwin barang sanes-sanesipun dipun bage- bagea waradin dhateng anak-semah tuwin putu, lan ingkang sabagean kajakatna para miskin tuwin santri ingkang boten gadhah minangka pamituhunipun dhateng piwelingipun calon guru. Sasampunipun punika lajeng mranata tuwin pasrah dhateng para sepuh utawi tiyang ingkang pinitados kapurih ngreksa tata-tentrem lan karaharjaning nagari. Sadaya waradin dipun we- lingi piyambak-piyambak sarta dipun pamiti. Ingkang sami dipun pamiti sami anggendholi, nanging wusananipun sadaya inggih na- mung jumurung, lajeng sami andum wilujeng. Namung semahi- pun kyai ageng Pandhanarang ingkang sepuh, inggih punika nyai ageng Kaliwungu, ingkang nggubel, boten purun kantun, meksa badhe tumut lampahipun ingkang jaler, jalaran ngantepi anggeni- pun sampun nunggil kajeng kaliyan guru-lakinipun. Dipun arih- arih supados kantun, meksa boten kenging, malah lajeng prasetya dhateng kyai ageng Pandhanarang, tembungipun: "Kyai, pareng boten pareng kula ndherek. Sanajan ajur luluh, ing donya dumu- gining delahan, sedya kula namung sageda nunggil kaliyan kyai. Dumugi suwarga utawi naraka kula sampun ngantos pisah kaliyan kyai, lestantuna anggen kula ngladosi kyai.”

Kyai ageng dipun prasetyani makaten wau kakenan manahi- pun, lajeng mangsuli: "Iya ta, nyai, yen temen-temen anggonmu

39