Menyang kontèn

Kaca:Kyai Ageng Pandhanarang.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

tungan. Sajawining gapura Pangrantungan wonten padasanipun kangge nyadiyani tiyang-tiyang ingkang badhe mlebet dhateng pasareyan. Manawi sampun wisuh, saweg mlebet nglangkungi gapura Pangrantungan. Ing salebetipun gapura _ Pangrantungan wonten palataranipun dipun degi bangsal, kawastanan bangsal nglebet, inggih punika bangsal papan pakendelanipun_ tijang estri. Margininipun dhateng pasareyan salajengipun _ taksih nglangkungi gapura tiga, inggih punika gapura Panemut, gapura Pamencar lan gapura Bale-kencur. Saking gapura Bale-kencur marginipun anjlog ing wewangunan ingkang maujud kadosdene pandhapi, wiyaripun namung sawatawis meter pesagi, inggih punika prabayeksa (bangsal naga?). Ing ngriku wonten padasanipun, ingkang aneh rupinipun, kawastanan genthong Kyai Naga. Saking prabayeksa wonten undhak-undhakanipun minggah dhateng pager banon ingkang ngubengi pasareyan. Manawi sampun nglangkungi gapura ing pager wau sarta nglangkungi konten kalih, saweg dumugi ing makam. Pasareyanipun Sunan Tembayat dumunung ing tengah. Saler wetanipun wonten pasareyanipun kalih, inggih punika pasareyanipun garwanipun Sunan Tembayat: nyai ageng Kaliwungu lan nyai ageng Krakitan. Ing sisih kidul wetan wonten pasareyan sanesipun. Miturut gotek, pasareyanipun nyai ageng Madalem, Pangeran Jiwa tuwin para sakabat: kyai seh Sabuk Janur, Kali Dhatuk, Pangeran Winang, kyai Malanggati, kyai Banyubiru, Panembahan Kabul, kyai Panembahan Masjid wetan lan kyai Panembahan Sumigit wetan.

Sadaya kawontenan ingkang pinanggih utawi katingal ing salebeting wewengkon sarta ing sakiwa tengenipun makam, ingkang awujud yeyasan tuwin pepasren, salajengipun wontening pangreksa dhateng yeyasan lan malih kathahing tiyang ingkang sami mrelokaken dhateng prelu ngalap brekah, lumintu ngantos dumugi ing dinten punika, punika sadaya ambuktekaken bilih tumraping ngakathah ingkang sumare ing ngriku punika dipun anggep leluhur ingkang linfangkung cundhuk kaliyan wontening

gotek ingkang nyariosaken asli lelampahanipun Sunan Bayat

33