Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Pitik trondhol diumbar ing padaringan =
    wong kekurangan dipasrahi nyekel dhuwit lsp.
  2. Wedhus diumbar ing pakacangan =
    wong kekurangan dituduhake kamelikan.
  3. Iwak klebu ing wuwu =
    kena pangapus kanthi gampang (kena bebaya kang wis
    ora kena dioncati maneh).
  4. Kutuk marani sunduk =
    nemaha marang bebaya.
  5. Ketepang ngrangsang gunung =
    njangka prakara sing nglengkara (mokal).

C. Arane tetembungan utawa unen-unen :

  1. Tanpa tedheng aling-aling. (paribasan)
  2. Eseme pait madu. (sanepa)
  3. Kebanjiran sagara madu. (saloka)
  4. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. (wangsalan).
  5. Tandhange nggegirisi kaya bantheng ketaton. (pepindhan)
  6. Godhong jati, godhong nangka, ayo ngudi basa Jawa.(parikan)
  7. Gulune ngelung gadhung. (panyandra)
  8. Sirna ilang kertaning bumi (taun 1400). (sengkalan)
  9. Desa mawa cara, nagara mawa tata. (bebasan)
  10. Yen isi mengkurep, yen mlumah kothóng, iku apa ? (cangkriman)
  11. Bubutana wulune, gandhenana endhase, kathik bisa mabur, iku apa? (srekalan)
  12. Wedang = ngawe kadang. (kerata basa)
  13. Kodhok ngemuli kadang. (isbat)
  14. Nggodhoga wedang. Nguleka sambel. (rura basa)
  15. Borehana adas pala waras (= bakal waras). (pralambang).

E. Tegese wangsalan ing ukara-ukara iki:

  1. uler kambang = ula
    nguler kambang = alon-alonan
  2. 57