Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Ki Padmasusastra iku salah sawijining juru ngarang jaman Bale Pustaka. Anggitane akeh awujud gancaran, kaya ta :
    Parama basa
    Tata-cara
    Carakan Jawi
    Burat Wangi
    Warna Basa
    Piwulang Warni-warni
    Rangsang Tuban
    Serat Kancil Tanpa Sekar, II.



WULANGAN 10


II. KAWRUH BASA

B. Tegese saloka-saloka ing ngisor iki :

  1. Palang mangan tandur =
    wong kang dipitaya ngreksa samubarang, wekasane ngrusak rereksane.
  2. Kebo bule mati setra =
    wong pinter ora ana sing nganggokake.
  3. Asu belang kalung wang =
    wong asor nanging sugih.
  4. Kebo nusu gudel =
    wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom.
  5. Kebo mulih ing kandhange =
    wong kang nalika isih enom nyambut gawe ana ing papan kang adoh saka asale, bareng wis tuwa bali menyang papan asale dhewe.
  6. Timun wungkuk jaga imbuh =
    wong kang bodho (dudu wong kang peng-pengan) kanggone samangsa ana kekurangan (kanggo serep)
  7. Ula marani gitik =
    nemaha marang kacilakan.


56