Menyang kontèn

Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

C. lsbat
1. Jiwane menungsa kudu bisa ngereh ragane.
2. Wong kang golek ngelmu (maguru) kudu duwe pawitan = wani rekasa
      ora ngumbar hawa nafsu.
3. Manunggaling jiwa lan raga.

D. —

III. PARAMASASTRA .

  C. 1. Tuladha :

 Nardi: “Kowe saka ngendi, Ton ?” (1)
 Toni : "Surabaya." (2)
 Nardi: “Kowe ngineb ing daleme sapa, Ton?” (3)
 Toni : “Daleme embah.” (4)
 Nardi: “Nginebmu pirang dina ?” (5)
 Toni : “Seminggu.” (6)
 Nardi: "Dalame eyangmu ana ngendi ?” (7)
 Toni : “Wonokromo.” (8)
 Nardi: “Kowe nonton kebun binatang, Ton?” (9)
 Toni : "Mesthi bae !” (10)

a. Ukara wancahan pacelathon ing dhuwur iku :
— Surabaya. (2)
— Daleme embah. (4)
— Seminggu. (6)
— Wonokromo. (8)
— Mesthi bae. (10)

b. Ukara wutuh pacelathon ing dhuwur iku :
— Kowe saka ngendi, Ton ? (1)
— Kowe ngineb daleme sapa, Ton ? (3)
— Nginebmu pirang dina ? (5)
— Daleme eyangmu ana ngendi ? (7)
— Kowe nonton kebun binatang, Ton ? (9)

2. a. Kang kagolong ukara wancahan :
— Ndandani omah kang ana kutha (a)
— Tindakan menyang ngendi ? (c)
— Dhateng Surabaya (d)
— Endang mulih bae saiki ! (i)
— Ayo ta mangan-mangan kene dhisik ! (j)

52