Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

V. UNGGAH-UNGGUH |

Basa krama :

Nanang : "Wah kok mempeng, anggen sampeyan sinau ngantos mbengkuk. Nyinau punapa ta'Dhik ?”

Nunu : "Anu, Mas, nyiriau sejarah. Benjing-enjing wonten ulangan sejarah: Ning kula inggih sampun. apal kok, Mas. Sampeyan dhateng, saweg kemawon anggen kula nutup buku. Dados inggih sampun rampung. saestu anggen kula sinau."

Nanang : "Inggih kedah makaten punika. Lare sekolah makaten ingkang dipun rumiyinaken kedah sinaunipun. Ngemutana, sapunika punika jaman rebatan, rebatan pinter, rebatan tedha. Inggih namung ingkang pinter ingkang saged nedha, ingkang saged mulya.”

Nunu : "Pancen makaten, Mas. Tur kelerêsan ingkang kedah kula sinau punika bab Patih Gajahmada. Bombong manah kula Indonesia gadhah pahlawan kados Patih Gajahmada iku.”

50